Abstract:
Panaliten punika nggadhahi ancas angaturaken, (1) etika wonten lebetipun
Tembang Dolanan Buku Ni Thowong Asuhan Ki Hadi Sukatno (2) estetika wonten
lebetipun Tembang Dolanan Buku Ni Thowong Asuhan Ki Hadi Sukatno.
Jinisipun panaliten ingkang dipunginakaken inggih punika panaliten
deskriptif kualitatif. Sumber data panalitenpun inggih tembang dolanan buku Ni
Thowong asuhan Ki Hadi Sukatno, menawi data panaliteni punika awujud syair
tembang ingkang ngandut etika saha estetika. Instrumen ingkang utami saking
panaliten inggih punika panyerat piyambak. Teknik pangempalan data punika
ngginakaken teknik pustaka, saha teknik simak nyerat. Teknik analisis data
ngginakaken metode content analysis utawi analisis isi. Teknik penyajian data
dipunandharaken kanthi metode informal.
Asil panaliten punika ngandharaken: (1) asil analisis etika Jawa inggih
punika: (a) etika keselarasan cacahipun wonten 3 indikator inggih punika wigatosan
dumateng tiyang sepuh, preduli dumateng tiyang sepuh saha tata krama ngagem
rasukan nalika ngibadah; (b) etika kebijaksanaan cacahipun wonten 3 indikator
inggih punika kedah mawas dhiri, tata kalian aturan, saha setya lan preduli
dumateng kanca. (2) Unsur estetika ingkang wonten ing saklebetipun tembang
dolanan buku Ni Thowong asuhan Ki Hadi Sukatno inggih punika purwakanthi guruswara
cacahipun 15 indikator, purwakanti guru-sastra cacahipun 7 indikator,
purwakanthi lumaksita cacahipun 16 indikator, tembung plutan cacahipun 8
indikator, parikan cacahipun 1 indikator, pepindhan cacahipun 3 indikator, tembung
saroja cacahipun 3 indikator, tembung entar cacahipun 3 indikator,saha kerata basa
cacahipun 13 indikator.