Abstract:
Paneliten menika nggadhahi ancas kangge ngandharaken (1) urut-uruttaning
pasinaon nyerat paragraf aksara Jawa ngginakaken metode Talking Stick wonten ing
kelas VIII B SMP Purnama Sumpiuh; (2) paningkatan katrampilan nyerat paragraf
aksara Jawa ngginakaken metode Talking Stick.
Subjek panaliten inngih punika siswa kelas VIII B SMP Purnama Sumpiuh
taun ajaran 2015/ 2016 wontwn ing materi nyerat paragraf aksara Jawa kanthi metode
Talking Stick. Panaliten Tindakan Kelas punika kaperang dados tigang tahap inggih
punika prasiklus, siklus I, lan siklus II. Pangempalan data ngginakake teknik tes lan
teknik nontes arupi lembar observasi, lembar jurnal, lan dokumentasi. Instrumen
kangge ngempalaken data inggih menika sampun diuji cobiaken lan sampun cekap
syarate validitas lan reliabilitas. Teknik analisis data ingkang di pun ginakaken inggih
menika teknik deskriptif kuantitatif.
Urut-uruttanipun panaliten tindakan kelas inggih menika perencanaan
(Planning), pelaksanaan tindakan, observasi (Observing), refleksi (Reflecting). Asil
panaliten migunakaken metode Talking Stick saged ngundhakaken asil pasinaon
katrampilan nyerat paragraf asksara Jawa kangge siswa kelas VIII B SMP Purnama
Sumpiuh. Asil rata-rata sedaya aspek nyerat paragraf aksara Jawa wonten ing
prasiklus, aspek aksara Jawa inggih menika 2.25, pasangan inggih menika 1.93,
sandhangan inggih menika 1.96, pada (tanda baca) inggih menika 2.82. Asil rata-rata
sedaya aspek wonten ing siklus I, aksara Jawa inggih menika 3.50, pasangan inggih
menika 2.54, sandhangan inggih menika 2.86, pada (tanda baca) inggih menika 3.57.
rata-rata sedaya aspek wonten ing siklus II, aksara Jawa inggih menika 3.64,
pasangan inggih menika 3.11, sandhangan inggih menika 3.50, pada (tanda baca)
inggih menika 3.61. Biji rata-rata asil pasinaon prasiklus inggih menika 56.03 lan ing
siklus I dados 77.90 utawi nglampahi undhak-undhakan 21.87%. Biji rata-rata siklus
II 86.61 utawi mindhak dados 8.71% saking siklus I.