Repository-Universitas Muhammadiyah Purworejo

Peningkatan Keterampilan Menulis Paragraf Berhuruf Jawa Menggunakan Metode Talking Stick pada Siswa Kelas VIII B SMP Purnama Sumpiuh Kabupaten Banyumas Tahun Ajaran 2015/2016

Show simple item record

dc.contributor.author Anggraeni, Iin Septi
dc.date.accessioned 2018-02-09T03:28:18Z
dc.date.available 2018-02-09T03:28:18Z
dc.date.issued 2016
dc.identifier.uri http://repository.umpwr.ac.id:8080/handle/123456789/1828
dc.description.abstract Paneliten menika nggadhahi ancas kangge ngandharaken (1) urut-uruttaning pasinaon nyerat paragraf aksara Jawa ngginakaken metode Talking Stick wonten ing kelas VIII B SMP Purnama Sumpiuh; (2) paningkatan katrampilan nyerat paragraf aksara Jawa ngginakaken metode Talking Stick. Subjek panaliten inngih punika siswa kelas VIII B SMP Purnama Sumpiuh taun ajaran 2015/ 2016 wontwn ing materi nyerat paragraf aksara Jawa kanthi metode Talking Stick. Panaliten Tindakan Kelas punika kaperang dados tigang tahap inggih punika prasiklus, siklus I, lan siklus II. Pangempalan data ngginakake teknik tes lan teknik nontes arupi lembar observasi, lembar jurnal, lan dokumentasi. Instrumen kangge ngempalaken data inggih menika sampun diuji cobiaken lan sampun cekap syarate validitas lan reliabilitas. Teknik analisis data ingkang di pun ginakaken inggih menika teknik deskriptif kuantitatif. Urut-uruttanipun panaliten tindakan kelas inggih menika perencanaan (Planning), pelaksanaan tindakan, observasi (Observing), refleksi (Reflecting). Asil panaliten migunakaken metode Talking Stick saged ngundhakaken asil pasinaon katrampilan nyerat paragraf asksara Jawa kangge siswa kelas VIII B SMP Purnama Sumpiuh. Asil rata-rata sedaya aspek nyerat paragraf aksara Jawa wonten ing prasiklus, aspek aksara Jawa inggih menika 2.25, pasangan inggih menika 1.93, sandhangan inggih menika 1.96, pada (tanda baca) inggih menika 2.82. Asil rata-rata sedaya aspek wonten ing siklus I, aksara Jawa inggih menika 3.50, pasangan inggih menika 2.54, sandhangan inggih menika 2.86, pada (tanda baca) inggih menika 3.57. rata-rata sedaya aspek wonten ing siklus II, aksara Jawa inggih menika 3.64, pasangan inggih menika 3.11, sandhangan inggih menika 3.50, pada (tanda baca) inggih menika 3.61. Biji rata-rata asil pasinaon prasiklus inggih menika 56.03 lan ing siklus I dados 77.90 utawi nglampahi undhak-undhakan 21.87%. Biji rata-rata siklus II 86.61 utawi mindhak dados 8.71% saking siklus I. en_US
dc.publisher PBSJ-FKIP en_US
dc.subject nulis, metode Talking Stick, Aksara Jawa en_US
dc.title Peningkatan Keterampilan Menulis Paragraf Berhuruf Jawa Menggunakan Metode Talking Stick pada Siswa Kelas VIII B SMP Purnama Sumpiuh Kabupaten Banyumas Tahun Ajaran 2015/2016 en_US
dc.type Thesis en_US


Files in this item

This item appears in the following Collection(s)

Show simple item record

Search Repository-UMP


Browse

My Account