Abstract:
Panaliten menika medhar babagan (1) Prosesi tradisi Pindah rumah ing
Dhusun Sucen Jurutengah, Kecamatan Bayan, Kabupaten Purworejo, (2) Surasa
simbolis umberampe ingkang dipun ginakaken ing prosesi tradisi Pindah Rumah
wonten ing Dhusun Sucen Jurutengah, Kecamatan Bayan, Kabupaten Purworejo.
Jenis panaliten menika ginakaken deskriptif kualitatif. Subyek panaliten
inggih menika sesepuh dhusun lan warga dhusun Sucen Jurutengah, Kecamatan
Bayan, Kabupaten Purworejo. Objek panaliten menika prosesi tradisi pindah rumah
ing dhusun Sucen Jurutengah, Kecamatan Bayan, Kabupaten Purworejo. Papan
panggenan panaliten wonten ing dhusun Sucen Jurutengah , Kecamatan Bayan,
Kabupaten Purworejo. Teknik pengumpulan data ginakaken teknik observasi, teknik
wawancara, teknik catatan lapangan lan teknik dokumentasi. Teknik analisis data
ngginakaken metode deskriptif kualitatif pola etnografi.
Asillipun panaliten dudutanipun inggih menika (1) prosesi tradisi pindah
griyo wonten ing dhusun Sucen Jurutengah, Kecamatan Bayan, Kabupaten
Purworejo inggih menika tahap pra pelaksanaan : syara-syarat kagem pindah griyo
inggih menika: (a) nentuaken dina ingkang sae, (b) nyiapaken sesaji kagem pindah
griya, (c) nyiapaken barang-barang ingkang bade dibeto kagem pindah griyo. Tahap
pelaksanaan tradisi pindah griyo inggih menika: (a) sampun gadhah griyo piyamba
ingkang bade dienggeni, (b) ziarah makam leluhur utawi simbah ingkang sampun
sedo, (c) kendhuren wonten giyo anyar diterasaken potong tumpeng lan dhahar
tumpeng sareng-sareng, (2) umberampe ingkang gadhah surasa simbolis inggih
menika (a) sekul tumpeng, (b) sekul golong, (c) ingkung sawung Jawi, (d) jajan
pasar, (e) rujak dhegan, (f) pisang raja, (g) jenang abrit, (h) jenang pethak, (i)
godhong towo, (j) kembang telon, (k) sekar setaman, (i) unju’kan kopi lan unjuk’an
teh, (m) kinang, (n) kendhi, (o) genuk, (p) kloso mendhong, (q) beras kapurata, (r)
tigan sawung Jawi, (s) sapu regel, (t) rokok menyan lan, (u) godhong pandan.