Abstract:
Panaliten punika ancasipun kangge ngandharaken (1) penyimpangan prinsip
kerja sama wonten siaran dagelan curanmor ing Yes Radio Cilacap; (2)
penyimpangan prinsip kesopanan wonten siaran dagelan curanmor ing Yes Radio
Cilacap.
Panaliten punika migunakaken metode deskriptif kualitatif. Subjek panaliten
wonten panaliten punika 10 cariyos humor wonten acara dagelan curanmor ing
Yes Radio Cilacap. Objek panaliten punika jenis penyimpangan prinsip kerja
sama lan penyimpangan prinsip kesopanan wonten siaran dagelan curanmor ing
Yes Radio Cilacap. Instrumen panaliten ingkang dipunginakaken inggih punika
kartu pencatat data. Teknik pengumpulan data ingkang dipunginakaken inggih
punika teknik simak, teknik catat, lan teknik wawancara. Teknik analisis
migunakaken teknik telaah pustaka, teknik analisis isi, kaliyan teknik penyajian
data migunakaken metode informal.
Adhedasar asil analisis deskripsi angsal asil saking panaliten inggih punika:
(1) Wonten wujud pelanggaran prinsip kerja sama cariyos kempalan humor
wonten siaran dagelan curanmor ing Yes Radio Cilacap wonten 40 wujud tuturan;
12 maksim kuantitas, 15 maksim kualitas, 9 maksim relevansi ugi 4 maksim
pelaksanaan. (2) Wonten wujud pelanggaran prinsip kesopanan wonten ing cerita
kumpulan humor ing siaran dagelan curanmor wonten Yes Radio Cilacap wonten
78 wujud tuturan; 32 maksim kebijaksanana, 9 maksim kemurahan, 24 maksim
penerimaam, 8 maksim kerendahan hati, 5 maksim kecocokan, dan 2 maksim
kesimpatian.