Abstract:
Panaliten punika nggadhahi ancas kangge mangertosi informasi unggahungguh
siswa gegayutan antawisipun kelas XII SMA Widya Kutoarjo Tahun
2013-2014, informasi katiyasan ngginakaken basa jawi krama kelas XII SMA
Widya Kutoarjo Tahun 2013-2014. Lan ngertosi gegayutan antawisipun unggahungguh
kalihan katiyasan ngginakaken basa jawi krama siswa kelas XII SMA
Widya Kutoarjo Tahun 2013-2014. Panelitian punika kalebet panelitan
korelasional kangge madosi gegayutan antawisipun variabel
Populasi lan sampel ingkang dipunginakaken wonten salebetipun
panaliten punika ngginakaken siswa kelas VII Widya Kutoarjo Warsa 2013-
2014. Panaliten punika minangka panaliten korelasional kanthi cacah responden
61 siswa. Variabel panaliten inggih punika unggah-ungguh (X) lan katiyasan
ngginakaken basa jawi krama (Y). Rumus ingkang dipun ginakaken inngih
menika rumus korelasi pearson product moment. Instrumen ingkang dipun
ginakaken kangge variable unggah-ungguh kanthi angket kanthi cacah 40 soal,
ewadene kangge variable katiyasan ngginakaken basa krama migunakaaken tes
kanthi 40 soal. Teknik analisis data migunakaken analisis korelasional. Asil
panaliten minangka koefisien korelasi antawisipun variabel.
Asil analisis data, siswa kelas XII SMA Widya Kutoarjo Tahun 2013-2014
gadhahi unggah-ungguh sae angengipun 27,7% sedeng 72,3% lan kirang
agengipun 0% sangking sedaya responden. Katiyasan ngginakaken basa jawi
krama siswa Kelas XII SMA Widya Kutoarjo Warsa 2013-2014 gadhahi asil sae
72,3% sedeng 27,7% lan kirang 0% sangking sedaya responden. Asil pengujian
hipotesis ngasilaken wontenipun gegayutan kasebat dipunduduhaken dening regi
koefisien korelasi agengipun rxy= 0,640. Raketipun gegayutan variabel
kekalihipun saged dipun pirsani saking koefisien determinan agengipun 0,00 .
Bab punika ngandhut makna bilih unggah-ungguh paring konstribusi agengipun
64,0 % dhumateng katiyasan ngginakaken basa jawi krama siswa Kelas XII SMA
Widya Kutoarjo Warsa 2013-2014.