Abstract:
Penelitian punika nggadhahi ancas (1) gegambaranipun pangangge alih kode basa wonten komunitas pandemen musik reggae ing Alun-alun Kebumen, (2) gegambaranipun pengangge ragam basa Jawa wonten komunitas pecinta musik reggae ing Alun-alun Kebumen.
Jenisipun panalitian inggih punika penelitian deskriptif kualitatif. Subjek panalitean inggih punika lare komunitas pecinta musik reggae ing Alun-alun Kebumen. Objek panalitean punika inggih menika ragam bahasa Jawa wonten komunitas reggae ing Alun-alun Kebumen. Metode pengempalan data ingkang dipunginakaken inggih punika metode padan lan metode metode agih, ingkang wonten dipuntumrapaken ngginakaken teknik sadap ingkang dipun lajengaken teknik lanjengann antawisipun teknik rekam kaliyan teknik catat. Saklajengipun data ingkang sampun dipunanalisis kasebat dipunaturaken kanthi informal.
Kasilipun panalitian,inggih punika ragam bahasa Jawa wonten komunitas pecinta musik reggae ing Alun-alun Kebumen dipun perang dados (1) pangangge alih kode wonten komunitas pecinta musik reggae ing Alun-alun Kebumen inggih punika basa Jawa ngoko lan basa Indonesia, (2) Pangangge ragam basa Jawa wonten komunitas pecinta musik reggae ing Alun-alun Kebumen. Pangangge ragam bahasa Jawa komunitas pecinta musik reggae ing Alun-alun Kebumen taksih kathah ingkang ngginakake ragam bahasa Jawa ngoko, sinaosa wicanten kaliyan tiyang ingkang langkung sepuh utawi ingkang status sosialipun langkung inggil. Sebabipun inggih punika para penutur wonten komunitas pecinta musik reggae ing Alun-alun Kebumen sampun sami tepang satunggal kaliyan sanesipun.