Abstract:
Panaliten punika ancasipun kangge ngandharaken (1) sosiologi sastra
ingkang wonten ing novel Rangsang Tuban karyanipun Padmasusastra; (2) nilai
moral sastra ingkang wonten ing novel Rangsang Tuban karyanipun
Padmasusastra. Pemanggihan ingkang dipundadosaken dhasar panaliten skripsi
inggih menika pamanggih saking Sri Wahyuningtyas (2009) dan Suwardi
Endraswara (2010).
Panaliten menika ngginakaken subjek novel Rangsang Tuban karyanipun
Padmasusastra. Panaliten menika ngginakaken jinising panaliten deskripsif
kualitatif. Sumber data wonten panaliten menika awujud teks novel Rangsang
Tuban karyanipun Padmasusastra. Metode ingkang dipun ginakaken minangka
teknik pangumpulan data inggih menika teknik catet. Instrumen ingkang
dipunginakaken inggih menika pangripta piyambak, kertu pangempal data,
ingkang dipunbiyantu dening buku-buku kaliyan media sanes ingkang gayut.
Selajengipun analisis data, ngginakaken teknik analisis konten.
Adhedhasar hasil panaliten unsur intrinsik novel Rangsang Tuban
karyanipun Padmasusastra yaitu: (a) tema utama inggih punika kemantepan
manahipun Kanjeng Pangeran Warihkusuma; (b) paraga utama inggih punika
Kanjeng Pangeran Warihkusuma, paraga tambahan inggih punika Sri Narenda
Prabu Sindupati, Kanjeng Pangeran Warsakusuma, Kanjeng Rekyana Patih,
Raden Udakawimba, Kanjeng Rara Dewi, Kyai Patih Toyamarta, Kyai Ageng
Wulusan, Sang Prabu Hertambang; (c) lampahipun cariyos migunakake alur maju;
(d) latar kaperang dados latar panggenan, latar wekdal, lan latar sosial; (e) sudut
pandang inggih punika migunaken third person omniscient. Hasil analisis
sosiologi sastra novel Rangsang Tuban karyanipun Padmasusastra inggih punika:
(a) aspek kekerabatan; (b) aspek pendidikan; (c) aspek ekonomi; (d) aspek hukum;
(e) aspek politik. Aspek sosiologi ingkang paling ketingal inggih punika aspek
kekerabatan lan aspek politik, amargi novel punika nggambaraken pengianatan
tokoh adhedhasar aspek kekerabatan lan aspek politikipun. Hasil nilai moral sastra
novel Rangsang Tuban karyanipun Padmasusastra inggih punika: (a) sambung
rapetipun manungsa kaliyan piyambakipun; (b) sambung rapetipun antawisipun
manungsa kaliyan manungsa liya; (c) sambung rapetipun manungsa kaliyan
Gustinipun. Nilai moral ingkang paling ketingal wonten ing novel Rangsang
Tuban karyanipun Padmasusastra inggih punika sambung rapetipun antawisipun
manungsa kaliyan lingkungan alam, amargi kathah sambung rapetipun sae lan
awon antawisipun paraga.