Repository-Universitas Muhammadiyah Purworejo

KAJIAN SOSIOLOGI DALAM NOVEL RANGSANG TUBAN KARYA PADMASUSASTRA

Show simple item record

dc.contributor.author Kurniawan, Riyan Tri
dc.date.accessioned 2018-02-13T03:07:12Z
dc.date.available 2018-02-13T03:07:12Z
dc.date.issued 2014
dc.identifier.uri http://repository.umpwr.ac.id:8080/handle/123456789/2314
dc.description.abstract Panaliten punika ancasipun kangge ngandharaken (1) sosiologi sastra ingkang wonten ing novel Rangsang Tuban karyanipun Padmasusastra; (2) nilai moral sastra ingkang wonten ing novel Rangsang Tuban karyanipun Padmasusastra. Pemanggihan ingkang dipundadosaken dhasar panaliten skripsi inggih menika pamanggih saking Sri Wahyuningtyas (2009) dan Suwardi Endraswara (2010). Panaliten menika ngginakaken subjek novel Rangsang Tuban karyanipun Padmasusastra. Panaliten menika ngginakaken jinising panaliten deskripsif kualitatif. Sumber data wonten panaliten menika awujud teks novel Rangsang Tuban karyanipun Padmasusastra. Metode ingkang dipun ginakaken minangka teknik pangumpulan data inggih menika teknik catet. Instrumen ingkang dipunginakaken inggih menika pangripta piyambak, kertu pangempal data, ingkang dipunbiyantu dening buku-buku kaliyan media sanes ingkang gayut. Selajengipun analisis data, ngginakaken teknik analisis konten. Adhedhasar hasil panaliten unsur intrinsik novel Rangsang Tuban karyanipun Padmasusastra yaitu: (a) tema utama inggih punika kemantepan manahipun Kanjeng Pangeran Warihkusuma; (b) paraga utama inggih punika Kanjeng Pangeran Warihkusuma, paraga tambahan inggih punika Sri Narenda Prabu Sindupati, Kanjeng Pangeran Warsakusuma, Kanjeng Rekyana Patih, Raden Udakawimba, Kanjeng Rara Dewi, Kyai Patih Toyamarta, Kyai Ageng Wulusan, Sang Prabu Hertambang; (c) lampahipun cariyos migunakake alur maju; (d) latar kaperang dados latar panggenan, latar wekdal, lan latar sosial; (e) sudut pandang inggih punika migunaken third person omniscient. Hasil analisis sosiologi sastra novel Rangsang Tuban karyanipun Padmasusastra inggih punika: (a) aspek kekerabatan; (b) aspek pendidikan; (c) aspek ekonomi; (d) aspek hukum; (e) aspek politik. Aspek sosiologi ingkang paling ketingal inggih punika aspek kekerabatan lan aspek politik, amargi novel punika nggambaraken pengianatan tokoh adhedhasar aspek kekerabatan lan aspek politikipun. Hasil nilai moral sastra novel Rangsang Tuban karyanipun Padmasusastra inggih punika: (a) sambung rapetipun manungsa kaliyan piyambakipun; (b) sambung rapetipun antawisipun manungsa kaliyan manungsa liya; (c) sambung rapetipun manungsa kaliyan Gustinipun. Nilai moral ingkang paling ketingal wonten ing novel Rangsang Tuban karyanipun Padmasusastra inggih punika sambung rapetipun antawisipun manungsa kaliyan lingkungan alam, amargi kathah sambung rapetipun sae lan awon antawisipun paraga. en_US
dc.publisher Pend. Bhs Jawa en_US
dc.subject sosiologi, nilai moral, novel en_US
dc.title KAJIAN SOSIOLOGI DALAM NOVEL RANGSANG TUBAN KARYA PADMASUSASTRA en_US
dc.type Thesis en_US


Files in this item

This item appears in the following Collection(s)

Show simple item record

Search Repository-UMP


Browse

My Account