Abstract:
Perkawis ingkang badhe dipuntaliti wonten panaliten inggih punika: (1)
kadospundi anggenipun metode kooperatif tipe TGT saged mindhakaken proses
pasinaon maos kangge siswa kelas VIII A SMP Negeri 7 Kebumen lan (2)
kadospundi anggenipun metode kooperatif tipe TGT saged mindhakaken hasil
pasinaonan maos kagem siswa kelas VIII A SMP Negeri 7 Kebumen.
Teori ingkang dados adhedhasar wonten panaliten inggih punika teori
Slavin. Wonten teorinipun, Slavin (1994: 84) angaturaken wonten 5 komponen
wonten ing pasinaonan TGT: (1) presentasi kelas, (2) kerja kelompok, (3)
permainan (game), (4) turnamen, (5) penghargaan kelompok.
Jinising panaliten inggih punika panaliten tindakan kelas kaliyan subjek
panaliten siswa kelas VIIIA SMP Negeri 7 Kebumen saking jumlah siswa 33.
Lan objek panaliten inggih punika kemampuan siswa maos teks beraksara Jawa.
Panaliten tindakan kelas dipunlampahi tigang siklus, inggih punika pra siklus,
siklus I lan siklus II. Desain panaliten, prosedur panaliten, instrumen panaliten,
teknik pengumpulan data, lan teknik analisis data. Sumber data ing panaliten
punika punika kapendhet saking para siswa lan data-datanipun kapendhet kanthi
ngginakaken pedoman observasi, catatan lapangan,lembar pengamatan lan
dokumentasi.
Saking hasil panaliten dipunmangertosi (1) lampahipun ngginakaken
metode TGT kangge ningkataken kaprigelan maos teks aksara Jawa. (2)
pengaruhipun metode TGT dhateng motivasi siswa, mindhak saking siklus I
tumuju siklus II, (3) Pindhakan panyinaonan maca teks aksara Jawa saking pra p
siklus 73,93, siklus I 76,97 dan siklus II 82,07. Paningkatan saking pra siklus ke
siklus I 3,04, siklus I ke siklus II 8,14. Menawi katuntasan saking pra siklus 45%,
siklus I 57,83% lan siklus II 93,94%. Paningkatan saking pra siklus dhateng
siklus I agengipun 12 %, saking siklus I dhateng siklus II agengipun 36,11.