Abstract:
Perkawis baken ingkang dipunandharaken ing skripsi inggih punika (1)
kados pundi struktur sastra novel Lintang anggitanipun Ardini Pangastuti, B.N.
lan (2) kados pundi aspek sosiologi sastra tokoh utama novel Lintang karya Ardini
Pangastuti, B.N. Ancasipun panaliten inggih punika (1) ngandharaken struktur
sastra novel Lintang anggitanipun Ardini Pangastuti, B.N. lan (2) ngandharaken
aspek sosiologi sastra tokoh utama novel Lintang anggitanipun Ardini Pangastuti,
B.N.
Teori ingkang dipunginakaken ing saklebeting panaliten inggih punika
teori ingkang dipunandharaken dening Faruk, sosiologi inggih punika studi
ingkang ilmiah lan objektif babagan manungsa ing saklebeting masarakat, studi
babagan lembaga sosial lan proses-proses sosial.
Sumber data panaliten punika arupa novel Lintang anggitanipun Ardini
Pangastuti, B.N. cithakan ingkang sepisan dipunwedharaken dening Yayasan
Adhigama Semarang, kandelipun 85 kaca. Saklajengipun minangka instrumen
utama inggih punika panyerat piyambak lan arupa buku-buku acuan babagan teori
sastra, teori sosiologi, artikel-artikel saking internet, lan novel Lintang
anggitanipun Ardini Pangastuti, B.N. Teknik pengumpulan data ngginakaken
teknik simak catat. Teknik analisis data ngginakaken metode Content Analysis
utawi teknik analisis isi. Teknik penyajian hasil analisis ngginakaken metode
penyajian informal.
Paraga utama ing saklebeting novel Lintang inggih punika Gilar
Bagaskara. Saking pembahasan data, panyerat angsal dhudhutan bilih aspek
sosiologi sastra tokoh utama ing saklebeting novel Lintang anggitanipun Ardini
Pangastuti, B.N. saking sudut pandang sosiologi sastra inggih punika aspek moral
ing babagan punika ingkang dipunrembag inggih punika tindakan, sikap, budi
pekerti, susila para tokoh utama; aspek etika ngrembag babagan kasusilan ingkang
nemtokake babagan kados pundi manungsa gesang ing masyarakat; aspek sosial
ekonomi wonten tiga golongan (1) golongan ekonomi rendah, (2) golongan
ekonomi menengah, (3) golongan ekonomi atas; aspek cinta kasih ngrembag
sesambungan katresnan antawisipun Gilar Bagaskara lan Nur Endah; aspek agami
ingkang wonten novel Lintang inggih punika para paraga utama pitados
wontenipun Tuhan inggih punika Allah, babagan punika ketingal nalika
kekalihipun angsal kanekmatan utawi cobaan nyebut Asmanipun Allah; aspek
pendidikan inggih punika pendidikan formal lan pendidikan wonten kulawarga lan
masarakat