Repository-Universitas Muhammadiyah Purworejo

KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA TOKOH UTAMA DALAM NOVEL LINTANG KARYA ARDINI PANGASTUTI B.N.

Show simple item record

dc.contributor.author Karana, Adnan Wahyu
dc.date.accessioned 2018-02-13T06:23:31Z
dc.date.available 2018-02-13T06:23:31Z
dc.date.issued 2013
dc.identifier.uri http://repository.umpwr.ac.id:8080/handle/123456789/2401
dc.description.abstract Perkawis baken ingkang dipunandharaken ing skripsi inggih punika (1) kados pundi struktur sastra novel Lintang anggitanipun Ardini Pangastuti, B.N. lan (2) kados pundi aspek sosiologi sastra tokoh utama novel Lintang karya Ardini Pangastuti, B.N. Ancasipun panaliten inggih punika (1) ngandharaken struktur sastra novel Lintang anggitanipun Ardini Pangastuti, B.N. lan (2) ngandharaken aspek sosiologi sastra tokoh utama novel Lintang anggitanipun Ardini Pangastuti, B.N. Teori ingkang dipunginakaken ing saklebeting panaliten inggih punika teori ingkang dipunandharaken dening Faruk, sosiologi inggih punika studi ingkang ilmiah lan objektif babagan manungsa ing saklebeting masarakat, studi babagan lembaga sosial lan proses-proses sosial. Sumber data panaliten punika arupa novel Lintang anggitanipun Ardini Pangastuti, B.N. cithakan ingkang sepisan dipunwedharaken dening Yayasan Adhigama Semarang, kandelipun 85 kaca. Saklajengipun minangka instrumen utama inggih punika panyerat piyambak lan arupa buku-buku acuan babagan teori sastra, teori sosiologi, artikel-artikel saking internet, lan novel Lintang anggitanipun Ardini Pangastuti, B.N. Teknik pengumpulan data ngginakaken teknik simak catat. Teknik analisis data ngginakaken metode Content Analysis utawi teknik analisis isi. Teknik penyajian hasil analisis ngginakaken metode penyajian informal. Paraga utama ing saklebeting novel Lintang inggih punika Gilar Bagaskara. Saking pembahasan data, panyerat angsal dhudhutan bilih aspek sosiologi sastra tokoh utama ing saklebeting novel Lintang anggitanipun Ardini Pangastuti, B.N. saking sudut pandang sosiologi sastra inggih punika aspek moral ing babagan punika ingkang dipunrembag inggih punika tindakan, sikap, budi pekerti, susila para tokoh utama; aspek etika ngrembag babagan kasusilan ingkang nemtokake babagan kados pundi manungsa gesang ing masyarakat; aspek sosial ekonomi wonten tiga golongan (1) golongan ekonomi rendah, (2) golongan ekonomi menengah, (3) golongan ekonomi atas; aspek cinta kasih ngrembag sesambungan katresnan antawisipun Gilar Bagaskara lan Nur Endah; aspek agami ingkang wonten novel Lintang inggih punika para paraga utama pitados wontenipun Tuhan inggih punika Allah, babagan punika ketingal nalika kekalihipun angsal kanekmatan utawi cobaan nyebut Asmanipun Allah; aspek pendidikan inggih punika pendidikan formal lan pendidikan wonten kulawarga lan masarakat en_US
dc.publisher Pend. Bhs Jawa en_US
dc.subject Kajian Sosiologi Sastra, Novel Lintang en_US
dc.title KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA TOKOH UTAMA DALAM NOVEL LINTANG KARYA ARDINI PANGASTUTI B.N. en_US
dc.type Thesis en_US


Files in this item

This item appears in the following Collection(s)

Show simple item record

Search Repository-UMP


Browse

My Account