Abstract:
Ancasipun paneliten punika ngandaraken: (1) naskah Serat Pararaton:
Ken Angrok, (2) struktur naskah Serat Pararaton: Ken Angrok inggih punika:
tema, alur, lakon, latar, sudut pandang, gaya bahasa kaliyan pakon utawa weling.
Jinis paneliten ingkang dipunginakaken ing paneliti inggih punika deskriptif
kualitatif. Sumber data paneliten inggih punika Serat Pararaton: Ken Angrok,
dene data ing paneliten inggih punika data primer kaliyan data sekunder. Data
primer paneliten punika isinipun Serat Pararaton: Ken Angrok ingkang
dipunrumat wonten ing perpustakaan Radya Pustaka, Surakarta kanthi kode SMPRP
15. Data sekunder paneliten inggih punika: (1) isinipun Serat Pararaton Ken
Arok I, (2) isinipun Serat Pararaton Ken Arok II, dan (3) isinipun Serat Pararaton
Ken Arok III. Paneliti anggenipun ngempalaken data ngginakaken teknik
observasi, teknik pustaka, kaliyan teknik serat. Instrumen paneliten inggih punika
paneliti piyambak kaliyan dipunbiyantu piranti inggih punika buku kaliyan
pulpen. Analisis data ing paneliten punika ngginakaken teknik analisis deskriptif.
Asil paneliten punika mujudaken menawi Serat Pararaton: Ken Angrok
kawontenanipun naskah taksih sae, seratanipun cetha kaliyan kacanipun ganep.
Serat Pararaton: Ken Angrok nyariosaken raja-raja Singasari kaliyan Majapahit.
Naskah Serat Pararaton: Ken Angrok nggadhahi tema kepahlawanan kaliyan alur
maju. Lakon ingkang utama ing Serat Pararaton: Ken Angrok inggih punika Ken
Angrok dene lakon pendamping inggih punika Ken Dedes, Tunggul Ametung,
kaliyan Ken Endok. Latar panggenan ing Serat Pararaton: Ken Angrok inggih
punika Daha, Tumapel, kaliyan Karuman. Latar wekdal ing Serat Pararaton: Ken
Angrok inggih punika enjang, sonten, dalu, dinten kaliyan taun. Latar sosial ing
Serat Pararaton: Ken Angrok inggih punika status sosial, kepercayaan, adat
istiadat kaliyan lelakonanipun para lakon ing cariyos. Pangripta anggone
nyariosaken Serat Pararaton: Ken Angrok ngagem sudut pandang persona ketiga
kaliyan gaya bahasa utawa majas simbolik ingkang mlebet majas perbandingan.
Serat Pararaton: Ken Angrok ngemut weling yaiku kita kedah tumindak kang
becik marang liyan amarga menika ingkang bakal kita tampi wonten ing sanes
wekdal.