Repository-Universitas Muhammadiyah Purworejo

KAJIAN STRUKTURAL DALAM SERAT PARARATON: KEN ANGROK

Show simple item record

dc.contributor.author Prastika, Diana
dc.date.accessioned 2018-02-13T06:50:44Z
dc.date.available 2018-02-13T06:50:44Z
dc.date.issued 2013
dc.identifier.uri http://repository.umpwr.ac.id:8080/handle/123456789/2418
dc.description.abstract Ancasipun paneliten punika ngandaraken: (1) naskah Serat Pararaton: Ken Angrok, (2) struktur naskah Serat Pararaton: Ken Angrok inggih punika: tema, alur, lakon, latar, sudut pandang, gaya bahasa kaliyan pakon utawa weling. Jinis paneliten ingkang dipunginakaken ing paneliti inggih punika deskriptif kualitatif. Sumber data paneliten inggih punika Serat Pararaton: Ken Angrok, dene data ing paneliten inggih punika data primer kaliyan data sekunder. Data primer paneliten punika isinipun Serat Pararaton: Ken Angrok ingkang dipunrumat wonten ing perpustakaan Radya Pustaka, Surakarta kanthi kode SMPRP 15. Data sekunder paneliten inggih punika: (1) isinipun Serat Pararaton Ken Arok I, (2) isinipun Serat Pararaton Ken Arok II, dan (3) isinipun Serat Pararaton Ken Arok III. Paneliti anggenipun ngempalaken data ngginakaken teknik observasi, teknik pustaka, kaliyan teknik serat. Instrumen paneliten inggih punika paneliti piyambak kaliyan dipunbiyantu piranti inggih punika buku kaliyan pulpen. Analisis data ing paneliten punika ngginakaken teknik analisis deskriptif. Asil paneliten punika mujudaken menawi Serat Pararaton: Ken Angrok kawontenanipun naskah taksih sae, seratanipun cetha kaliyan kacanipun ganep. Serat Pararaton: Ken Angrok nyariosaken raja-raja Singasari kaliyan Majapahit. Naskah Serat Pararaton: Ken Angrok nggadhahi tema kepahlawanan kaliyan alur maju. Lakon ingkang utama ing Serat Pararaton: Ken Angrok inggih punika Ken Angrok dene lakon pendamping inggih punika Ken Dedes, Tunggul Ametung, kaliyan Ken Endok. Latar panggenan ing Serat Pararaton: Ken Angrok inggih punika Daha, Tumapel, kaliyan Karuman. Latar wekdal ing Serat Pararaton: Ken Angrok inggih punika enjang, sonten, dalu, dinten kaliyan taun. Latar sosial ing Serat Pararaton: Ken Angrok inggih punika status sosial, kepercayaan, adat istiadat kaliyan lelakonanipun para lakon ing cariyos. Pangripta anggone nyariosaken Serat Pararaton: Ken Angrok ngagem sudut pandang persona ketiga kaliyan gaya bahasa utawa majas simbolik ingkang mlebet majas perbandingan. Serat Pararaton: Ken Angrok ngemut weling yaiku kita kedah tumindak kang becik marang liyan amarga menika ingkang bakal kita tampi wonten ing sanes wekdal. en_US
dc.publisher Pend. Bhs Jawa en_US
dc.subject Serat Pararaton, Struktural Sastra en_US
dc.title KAJIAN STRUKTURAL DALAM SERAT PARARATON: KEN ANGROK en_US
dc.type Thesis en_US


Files in this item

This item appears in the following Collection(s)

Show simple item record

Search Repository-UMP


Browse

My Account