Abstract:
Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken variasi basa ingkang
gegayutan kaliyan aspek fonologi saking segi vokal lan konsonanipun ugi
nggambarake variasi basa Jawi ingkang kedadosan ing desa Jogopaten ingkang
gegayutan kaliyan aspek leksikon.
Teori buku ingkang dados acuan utawi patokan ing penelitian menika.
Teori ingkang dipunandaraken dening Millen ing Ayatrohaedi (1979: 30) ingkang
ngandaraken peprincen dialek inggih menika bentenipun wonten ing
kemanunggalan.
Wonten ing panaliten basa Jawi ing desa Jogopaten data dipunpendhet
kanthi metode pupuan lapangan ingkang dipunjangkepi kaliyan instrument.
Instrument kasebut arupi daftar pertanyaan. Babagan menika dipunlaksanakaken
panaliten kanthi ngrekam hasil wawancara, ingkang katujukaken dhateng
informan ing desa Jogopaten ingkang dipilih. Wonten ing analisis data, panaliten
ngginakaken metode padan lan metode agih (distribusional) kanthi teknik
pasangan minimal. Njlentrehaken saking penelitian basa Jawi ing desa Jogopaten
penelitian mbabaraken kanthi penyajian hasil data kanthi ngginakaken cara
ingkang dipuntepangi kagem metode penyajian kaidah inggih menika ingkang
sifatipun formal lan informal.
Saking hasil panaliten saged disimpulaken menawi basa Jawi desa
Jogopaten anggadhahi pinten-pinten persamaan kaliyan bahasa Jawi dialek
Ngayogyakarta. Wonten bidang fonologi katingal saking vokal /ǝ,e,o/ kayata
[sega] ‘segɔ’ , [karepe] ‘karǝpe], [loro] ‘loro’. Penggunaan leksikon ingkang
ownten desa Jogopaten wonten persamaan kaliyan bahasa Jawi dialek
Ngayogyakarta kayata [enyong] ‘ǝηɔŋ’, [bantal] ‘kampIl.