Abstract:
Pamanggih ingkang badhe dipungayuh wonten panaliten menika inggih
menika mratelakaken wujud campur kode ingkang arupi (1) tembung; (2) frasa;
(3) baster; (4) tembung rangkep; (5) idiom; lan (6) klausa wonten siaran Jampi
Sayah ing Radio SKB POP FM Gombong. Rumusan masalah wonten panaliten
menika inggih menika (1) kados pundi wujudipun campur kode bahasa Indonesia
mlebet ing bahasa Jawa ingkang arupi tembung ; (2) kados pundi wujudipun
campur kode bahasa Indonesia mlebet ing bahasa Jawa ingkang arupi frasa; (3)
kados pundi wujudipun campur kode bahasa Indonesia mlebet ing bahasa Jawa
ingkang arupi baster; (4) kados pundi wujudipun campur kode bahasa Indonesia
mlebet ing bahasa Jawa ingkang arupi pengulangan kata; (5) kados pundi
wujudipun campur kode bahasa Indonesia mlebet ing bahasa Jawa ingkang arupi
idiom; lan (6) kados pundi wujudipun campur kode bahasa Indonesia mlebet ing
bahasa Jawa ingkang arupi klausa. Jenis panaliten menika inggih menika
panaliten deskriptif kualitatif. Wonten pangempalan data dipunginakaken teknik
wawancara bertahap, teknik simak bebas libat cakap, teknik rekam, lan teknik
catat. Instrumen panaliten yaiku panaliti terlibat langsung wonten ing sajroning
pemundhutan data ingkang dipunbiyantu kaliyan alat tulis lan alat rekam. Wonten
analisis data dipunginaaken teknik deskriptif inggih menika mengembangkan
deskripsi ingkang komprehensif lan dipunteliti saking kasil panaliten lan
mlebetaken informasi babagan konteks, tindakan, intensitas lan maknanipun
ingkang ngorganisasikaken tindakan lan perkembanganipun kanthi evolusi.
Saklajengipun, wonten pasegahan wusana analisis data dipunginaaken teknik
informal.
Kasil panaliten tinemu kadosta campur kode arupi tembung, frasa, baster,
tembung rangkep, idiom, lan klausa. Campur kode ingkang arupi tembung
kagunggung 53 wiji, campur kode ingkang arupi frasa kagunggung 22 wiji,
campur kode ingkang arupi baster kagunggung 9 wiji, campur kode ingkang
arupi tembung rangkep kagunggung 19 wiji, campur kode ingkang arupi idiom
kagunggung 13 wiji, campur kode ingkang arupi klausa kagunggung 24 wiji,