Abstract:
Tujuan panaliten inggih menika mbeberaken (1) nilai-nilai etika ingkang
wonten ing novel Rangsang Tuban karyanipun Padmasusastra; (2) unsur estetika
ingkang wonten ing novel Rangsang Tuban karyanipun Padmasusastra. Teori
ingkang dipundadosaken dhasar panaliten skripsi inggih menika pamanggih
saking Suwardi Endraswara (2010) dan Padmosoekotjo (1958).
Panaliten menika ngginakaken subjek novel Rangsang Tuban karyanipun
Padmasusastra. Objek penelitian inggih menika nilai etika lan unsur estetika
ingkang wonten ing novel Rangsang Tuban karyanipun Padmasusastra. Panaliten
menika ngginakaken jinising panaliten analisis deskripsif kualitatif. Sumber data
wonten panaliten menika awujud teks novel Rangsang Tuban karyanipun
Padmasusastra. Metode ingkang dipun ginakaken minangka teknik pangumpulan
data inggih menika teknik serat. Instrumen ingkang dipunginakaken inggih
menika pangripta piyambak, kertu pangempal data, ingkang dipunbiyantu dening
buku-buku kaliyan media sanes ingkang gayut. Selajengipun analisis data,
pangripta ngginakaken teknik analisis konten.
Panaliten menika ngasilaken nilai etika wonten ing novel Rangsang Tuban
karyanipun Padmasusastra awujud etika keselarasan sosial wonten 10 indikator,
lan etika kebijaksanaan wonten 15 indikator. Wondene unsur-unsur estetika
wonten ing novel Rangsang Tuban karyanipun Padmasusastra ingkang tinemu
antawisipun paribasan wonten 8 indikator, bebasan wonten 8 indikator, pepindhan
wonten 14 indikator, tembung garba wonten 3 indikator, dasanama wonten 8
indikator, yogyaswara wonten 1 indikator, purwakanthi guru swara wonten 2
indikator, lan tembung saroja wonten 6 indikator