Abstract:
Underaning perkawis panaliten menika, (1) kados pundi wujudipun mantra
wonten Padepokan Rogo Sutro, (2) kados pundi artosipun mantra ingkang
dipunginaaken wonten Padepokan Rogo Sutro. (3) kados pundi fungsi mantra
ingkang dipunginaaken wonten Padepokan Rogo Sutro.
Setting panaliten arupi tempat lan wektu ingkang dipun laksanaaken wonten
Desa Gondangwinangun Kecamatan Ngadirejo Kabupaten Temanggung, wektu
panaliten wiwit wulan Maret dumugi Agustus 2013. arupi jenis panaliten yaiku
kualitatif. Sumber data panaliten menika arupi informan lan dokumentasi inkang
dipun angsal saking murid Padepokan Rogo Sutro lan buku mantra ugi foto-foto
ritual mantra. Teknik pengumpulan data arupi observasi, wawancara lan dokumentasi
wonten panaliten menika peneliti migunaaken observasi partisipan inggih menika
derek kegiatan arupi pasif lan aktif. Instrumen wonten paneliten inggih menika handphone
kangge ngrekam wawancara lan kamera digital kangge mendet gambar.
Metodhe ingkang dipunginaaken salebeting panaliten menika ngginakaken methode
kualitatif kanthi migunaaken pendekatan budaya arupi etnografi yaiku paneliten
kangge ngambaraken kebudayaan kadospundi kahanipun asline.
Asil panaliten menika ngungkapaken, wonten Padepokan Rogo Sutro
panaliten menika tinemu runtutan (1) wujud mantra arupi teks lan perilaku spiritual
mantra wonten Padepokan Rogo Sutro, ingkang dipun analisis inggih menika wujud
mantra arupi teks inggih punika bahasa napa ingkang dipun pigunaaken, wonten
pinten baris syair lan perilakunipun spiritual mantra, yaiku perilaku napa mawon
inkang dipun lakuaken nalika maos mantra. (2) artosipun mantra inggih menika
khinandhut analisis 37 mantra, makna wonten paneliten menika secara harfiah. (3)
fungsi saben mantra wonten Padepokan Rogo Sutro, inggih menika kagungan fungsi
sugesti, mitologi lan ingkang mliginipun inggih menika fungsi magis mistis. Mantra
saget maringi kepercayaan pribadi tiyang. Fungsi mantra macem-macem tergantung
jenis mantraipun.