Repository-Universitas Muhammadiyah Purworejo

Hubungan Tingkat Pendidikan Formal Orang Tua dengan Unggah-Ungguh Bahasa Jawa Peserta Didik SMP Negeri 2 Kaliwiro Kabupaten Wonosobo. Skripsi. Pendidikan Bahasa Dan Sastra Jawa. Universitas Muhammadiyah Purworejo. 2012.

Show simple item record

dc.contributor.author Pradanasiwi, Gusti Surawening
dc.date.accessioned 2018-02-20T07:35:03Z
dc.date.available 2018-02-20T07:35:03Z
dc.date.issued 2012
dc.identifier.uri http://repository.umpwr.ac.id:8080/handle/123456789/3304
dc.description.abstract Peneliten punika migunakaken peneliten kuantitatif. Sumber datanipun awujud data angket kaliyan hasil tes kemampuanipun lare babagan unggahungguh basa Jawa. Kanthi populasi sedaya siswa wonten ing SMP Negeri 2 Kaliwiro, lajeng dipunpundhut sampelipun 30% saking jumlah 421 siswa, dipunpundhut dados 122 siswa. Metode ingkang dipun ginakaken inggih punika metode survey kanthi teknik pengumpulan data migunakaken angket kaliyan tes. Instrumenipun migunakaken angket kaliyan tes ingkang wonten gegayutanipun kaliyan pendidikan formal tiyang sepuh kaliyan unggah-ungguh basa Jawa siswa. Kagem validitas, pangripta migunakaken validitas eksternal, inggih punika instrumen dipun ujikaken dhateng siswa didik SMP Negeri 2 Kaliwiro ingkang cacahipun 30 lare, saklajengipun dipunetang kanthi migunakaken rumus nilai simpangan, wondene reliabilitas migunakaken reliabilitas internal migunakaken rumus Spearman Brown. Saking pembahasan data, tinemu tingkat pendidikan formal tiyang sepuh cekap sae inggih punika saking jumlah sampel 122, tinemu 95,5% tiyang sepuh siswa pendidikan formalipun setingkat dasar kaliyan menengah, 3,28% pendidikan formal inggil, kaliyan 0,82% mboten ngemu pendidikan formal. Babagan punika mbuktekaken bilih pendidikan formal tiyang sepuhipun siswa kagolong inggil. Salajengipun hasil saking tes unggah-ungguh basa Jawa siswa tinemu 5,74% lare kanthi kasil sae, 92,64% kasil tes cekap, kaliyan 1,64% kanthi kasil kirang. Babagan punika mbuktekaken bilih unggah-ungguh basa Jawa lare cekap sae. Salajengipun kasil wau dipunkorelasikaken migunakaken rumus korelasi produk momen. Kasil korelasi antawis variabel tingkat pendidikan formal tiyang sepuh kaliyan unggah-ungguh basa Jawa lare didik (rxy)0,606, kanthi rtabel taraf kesalahan 5% (tingkat kawigaten 95%) tinemu skor 0,176, mila rhitung> rtabel. Babagan punika mbuktekaken menawa tingkat pendidikan formal tiyang sepuh kaliyan unggah-ungguh basa Jawa lare didik wonten hubungan ingkang kuat. en_US
dc.publisher Pend. Bhs Jawa en_US
dc.subject tingkat pendidikan formal, unggah-ungguh basa Jawa en_US
dc.title Hubungan Tingkat Pendidikan Formal Orang Tua dengan Unggah-Ungguh Bahasa Jawa Peserta Didik SMP Negeri 2 Kaliwiro Kabupaten Wonosobo. Skripsi. Pendidikan Bahasa Dan Sastra Jawa. Universitas Muhammadiyah Purworejo. 2012. en_US
dc.type Thesis en_US


Files in this item

This item appears in the following Collection(s)

Show simple item record

Search Repository-UMP


Browse

My Account