Abstract:
Ancasipun panyeratan skripsi menika kagem njlentrehaken gaya bahasa lan
ajaran moral wonten ing Antologi Geguritan “Guritan” anggitanipun Suripan Sadi
Hutomo. Teori ingkang dipunginakaken inggih menika pamanggih saking Gorys Keraf
kaliyan Burhan Nurgiyantoro. Gaya bahasa wonten ing teorinipun Gorys Keraf inggih
menika: (a) gaya bahasa persamaan utawi simile, (b) gaya bahasa metafora, (c) gaya
bahasa alegori, parabel, fabel, (d) gaya bahasa personifikasi utawi prosopopoeia, (e)
gaya bahasa alusi, (f) gaya bahasa eponim, (g) gaya bahasa epitet (epiteta), (h) gaya
bahasa sinekdoke, (i) gaya bahasa metonimia, (j) gaya bahasa antonomasia, (k) gaya
bahasa hipalase, (l) gaya bahasa ironi, sinisme, dan sarkasme, (m) gaya bahasa satire,
(n) gaya bahasa innuendo, (o) gaya bahasa antifrasis lan, (p) gaya bahasa pun utawi
paronomasia. Salajengipun ajaran moral midherek Burhan Nurgiyantoro inggih menika
wonten gegayutanipun antawisipun manungsa kaliyan ingkang Kuwaos, manungsa
kaliyan sesami wonten ing salebeting lingkup sosial ugi wonten gegayutanipun kaliyan
lingkungan alam lan manungsa kaliyan badanipun piyambak.
Subjek panaliten inggih menika Antologi Geguritan “Guritan” anggitanipun
Suripan Sadi Hutomo ingkang dipunwedalaken kaliyan Balai Pustaka taun 1985,
minangka objek wonten panaliten menika gaya bahasa lan ajaran moral ingkang kaemot
wonten ing Antologi Geguritan “Guritan” anggitanipun Suripan Sadi Hutomo,
panaliten menika dipunmituhuaken wonten ing gaya bahasa lan ajaran moral ingkang
kaemot wonten ing Antologi Geguritan “Guritan” anggitanipun Suripan Sadi Hutomo.
Teknik pangempalan data ingkang dipunginakaken inggih menika teknik pustaka lan
teknik simak catat.
Asil panaliten lan parembagan data tinemu gaya bahasa ingkang kaemot wonten
ing Antologi Geguritan “Guritan” anggitanipun Suripan Sadi Hutomo inggih menika
a) simile (13), b) metafora (5), c) allegori (2), d) personifikasi (10), e) sinekdoke (3), f)
metonimia (12), sinisme (1), sarkasme (1), lan satire (2). Ajaran moral ingkang wonten
gegayutanipun antawisipun manungsa kaliyan ingkang Kuwaos kayata: a) minuwun
dhumateng ingkang Kuwaos (1), b) pitados kaliyan ingkang Kuwaos (2), c) sumeleh
(1), d) ngimani (1). Ajaran moral ingkang wonten gegayutanipun antawisipun manungsa
kaliyan sesami wonten ing lingkup sosial ugi wonten gegayutanipun kaliyan lingkungan
alam kayata: a) tresna (3), b) simpati (1). Ajaran moral manungsa kaliyan badanipun
piyambak kayata: a) ngatos-atos anggenipun mlampah (1), b) sesambat (1), c) purun
ngakeni kalepatanipun piyambak (1), kangen (1).