Repository-Universitas Muhammadiyah Purworejo

Analisis Gaya Bahasa dan Ajaran Moral dalam Antologi Geguritan “Guritan” karya Suripan Sadi Hutomo. Skripsi. Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa. Universitas Muhammadiyah Purworejo. 2012.

Show simple item record

dc.contributor.author Erlina, Desi Evi Sugi
dc.date.accessioned 2018-02-20T08:23:31Z
dc.date.available 2018-02-20T08:23:31Z
dc.date.issued 2012
dc.identifier.uri http://repository.umpwr.ac.id:8080/handle/123456789/3334
dc.description.abstract Ancasipun panyeratan skripsi menika kagem njlentrehaken gaya bahasa lan ajaran moral wonten ing Antologi Geguritan “Guritan” anggitanipun Suripan Sadi Hutomo. Teori ingkang dipunginakaken inggih menika pamanggih saking Gorys Keraf kaliyan Burhan Nurgiyantoro. Gaya bahasa wonten ing teorinipun Gorys Keraf inggih menika: (a) gaya bahasa persamaan utawi simile, (b) gaya bahasa metafora, (c) gaya bahasa alegori, parabel, fabel, (d) gaya bahasa personifikasi utawi prosopopoeia, (e) gaya bahasa alusi, (f) gaya bahasa eponim, (g) gaya bahasa epitet (epiteta), (h) gaya bahasa sinekdoke, (i) gaya bahasa metonimia, (j) gaya bahasa antonomasia, (k) gaya bahasa hipalase, (l) gaya bahasa ironi, sinisme, dan sarkasme, (m) gaya bahasa satire, (n) gaya bahasa innuendo, (o) gaya bahasa antifrasis lan, (p) gaya bahasa pun utawi paronomasia. Salajengipun ajaran moral midherek Burhan Nurgiyantoro inggih menika wonten gegayutanipun antawisipun manungsa kaliyan ingkang Kuwaos, manungsa kaliyan sesami wonten ing salebeting lingkup sosial ugi wonten gegayutanipun kaliyan lingkungan alam lan manungsa kaliyan badanipun piyambak. Subjek panaliten inggih menika Antologi Geguritan “Guritan” anggitanipun Suripan Sadi Hutomo ingkang dipunwedalaken kaliyan Balai Pustaka taun 1985, minangka objek wonten panaliten menika gaya bahasa lan ajaran moral ingkang kaemot wonten ing Antologi Geguritan “Guritan” anggitanipun Suripan Sadi Hutomo, panaliten menika dipunmituhuaken wonten ing gaya bahasa lan ajaran moral ingkang kaemot wonten ing Antologi Geguritan “Guritan” anggitanipun Suripan Sadi Hutomo. Teknik pangempalan data ingkang dipunginakaken inggih menika teknik pustaka lan teknik simak catat. Asil panaliten lan parembagan data tinemu gaya bahasa ingkang kaemot wonten ing Antologi Geguritan “Guritan” anggitanipun Suripan Sadi Hutomo inggih menika a) simile (13), b) metafora (5), c) allegori (2), d) personifikasi (10), e) sinekdoke (3), f) metonimia (12), sinisme (1), sarkasme (1), lan satire (2). Ajaran moral ingkang wonten gegayutanipun antawisipun manungsa kaliyan ingkang Kuwaos kayata: a) minuwun dhumateng ingkang Kuwaos (1), b) pitados kaliyan ingkang Kuwaos (2), c) sumeleh (1), d) ngimani (1). Ajaran moral ingkang wonten gegayutanipun antawisipun manungsa kaliyan sesami wonten ing lingkup sosial ugi wonten gegayutanipun kaliyan lingkungan alam kayata: a) tresna (3), b) simpati (1). Ajaran moral manungsa kaliyan badanipun piyambak kayata: a) ngatos-atos anggenipun mlampah (1), b) sesambat (1), c) purun ngakeni kalepatanipun piyambak (1), kangen (1). en_US
dc.publisher Pend. Bhs Jawa en_US
dc.subject gaya bahasa, ajaran moral, geguritan en_US
dc.title Analisis Gaya Bahasa dan Ajaran Moral dalam Antologi Geguritan “Guritan” karya Suripan Sadi Hutomo. Skripsi. Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa. Universitas Muhammadiyah Purworejo. 2012. en_US
dc.type Thesis en_US


Files in this item

This item appears in the following Collection(s)

Show simple item record

Search Repository-UMP


Browse

My Account