Repository-Universitas Muhammadiyah Purworejo

UPAYA PENINGKATAN KEMAMPUAN MENULIS AKSARA JAWA MELALUI MEDIA AUDIO VISUAL PADA SISWA KELAS VIII C SMP NEGERI I SADANG KEBUMEN TAHUN AJARAN 2011/2012

Show simple item record

dc.contributor.author Lestari, Erik Puji
dc.date.accessioned 2018-02-23T07:46:33Z
dc.date.available 2018-02-23T07:46:33Z
dc.date.issued 2012
dc.identifier.uri http://repository.umpwr.ac.id:8080/handle/123456789/3642
dc.description.abstract Perkawisan ingkang wonten panaliten ingkang sapisan njlentrehaken urutaning pasinaon nyerat aksara Jawa ingkang ngginaaken media audio visual ngagem murid kelas VIII C SMP Negeri I Sadang Kebumen Tahun 2011/2012; kaping kalih njlentrehaken paningkatan kesinggihan nyerat aksara Jawa murid kelas VIII C SMP Negeri I Sadang Kebumen Tahun 2011/2012 ingkang sampun pikantuk pasinaon ngginaaken media audio visual; kaping tiga njlentrehaken paningkatan minat nyerat aksara Jawa murid kelas VIII SMP Negeri I Sadang Kebumen Tahun 2011/2012 sampun pikantuk pasinaon ngginaaken media audio visual. Panaliten ingkang digunaaken yaiku Penelitian Tindakan Kelas (PTK). Teori ingkang didadosaken acuan yaiku teori Arikunto (2008) ingkang njlentrehaken menawi PTK yaiku panaliten tindakan ingkang dipunlaksanaaken kagem perkawis mbiyantu mutu praktik pasinaon ngagem kelas. Pangumpulan data inggih menika ngginaaken instrumen tes yaiku menehi tes ngagem murid saben akhir pasinaonan sarta ngginaaken instrumen nontes yaiku ngginaaken lembar observasi lan dokumentasi foto. Teknik analisis data ingkang digunaaken yaiku teknik statistik deskriptif komparatif, kagem ngginaaken rumus ngitang rata-rata (mean). Urutaning pasinaonan ngginaaken media audio visual yaiku (a) kagiyatan prasiklus inggih menika pasinaonan nyerat aksara Jawa mboten ngginaaken media; (b) kagiyatan siklus I, pasinaonan ngginaaken media audio visual kalih materi aksara carakan, sandhangan swara, sandhangan panyigeging wanda, lan sandhangan wyanjana; (c) kagiyatan siklus II, pasinaonan ngginaaken media audio visual ingkang materi siklus I dipuntambahi pasangan aksara Jawa. Kasil tes kaprigelan nyerat aksara Jawa ing kagiyatan prasiklus nunjukaken rata-rata biji kelas dumugi 61.6%, ngalami paningkatan rata-rata kelas dumugi 72,8% ing kagiyatan siklus I. Rata-rata murid ngalami paningkatan inggih punika dumugi 77.1% ing kagiyatan siklus II. Sedangkan saking kasil minat murid nyerat aksara Jawa dipunpirsani saking segi perhatian sae wonten 5 murid, dipunpirsani saking segi keaktifan sae namung wonten 4 murid saking kagiyatan prasiklus. Salajengipun paningkatan minat murid ing kagiyatan siklus I yaiku saking segi perhatian sae wonten 14 murid, lan saking segi keaktifan sae wonten 13 murid. Minat murid saged dipun paningkatan malih ing kagiyatan siklus II, saking segi perhatian sae wonten 26 murid, lan keaktifan sae wonten 24 murid. Dados, saged kadudut wiwit menawi ngagem ngginaaken media audio saged ningkataken kesinggihan lan minat pasinaon murid SMP Negeri I Sadang Kebumen. en_US
dc.publisher Bahasa Jawa-FKIP en_US
dc.subject nyerat aksara Jawa ngagem media Audio Visual en_US
dc.title UPAYA PENINGKATAN KEMAMPUAN MENULIS AKSARA JAWA MELALUI MEDIA AUDIO VISUAL PADA SISWA KELAS VIII C SMP NEGERI I SADANG KEBUMEN TAHUN AJARAN 2011/2012 en_US
dc.type Thesis en_US


Files in this item

This item appears in the following Collection(s)

Show simple item record

Search Repository-UMP


Browse

My Account