Abstract:
Perkawis ingkang dipunteliti wonten ing panaliten inggih punika : (1) kados
pundi trap-trapanipun pasinaon maos Geguritan ngginakaken metode reciprocal
teaching siswa kelas VII MTS At-Tauhid Jagamertan. (2) kados pundi mundhaking
kaprigelan maos geguritan ngginakaken model pasinaon kooperatif Reciprocal
Teaching siswa kelas VII MTS At-Tauhid Jagamertan. kooperatif Reciprocal Teaching
inggih menika Model pasinaon ingkang dirancang kangge mbantu siswa nerapaken
strategi-strategi tertentu wonten kangge mahami teks bacaan. Teori ingkang
diginakaken wonten ing panaliten inggih punika maos inggih menika salah sawijining
cara ingkang bersangkutpaut kalih bahasa model pasinaon.
Panaliten punika kalebet panaliten tindakan kelas ingkang katindakaken wonten
kalih siklus. Saben siklus wonten tahap perencanaan, pelaksanaan, observasi lan
refleksi. Subjek panaliten inggih menika siswa kelas VII lan guru basa Jawi MTS At-
Tauhid Jagamertan. Objek panaliten inggih punika kaprigelan maos geguritan. Instrumen
ingkang diginakaken inggih punika lembar observasi, catatan lapangan lan dokumentasi.
Asil tes kaprigelan maos geguritan kalih presentase ketuntasan tes kemampuan
awal seagengipun 15,38%, siklus I seagengipun 69,32 lan siklus II seagengipun 85,71.
Kaprigelan kemampuan maos geguritan ugi terlihat saking kaprigelan rata-rata
presentase tiap indicator kemampuan maos geguritan siswa saking siklus I kesiklus II
inggih menika: (1) Pelafalan wonten maos geguritan saking siklus I kesiklus II
kaprigelan seagengipun 30,77%, (2)Intonasi wonten maos geguritan saking siklus I
kesiklus II kaprigelan seagengipun8,24%, lan (3) Ekspresi wonten maos geguritan
saking siklus I kesiklus II tetep.