KAJIAN FOLKLOR TRADISI KUNCUNGAN DI DESA PENUNGKULAN KECAMATAN GEBANG KABUPATEN PURWOREJO

No Thumbnail Available
Date
2023-07-13
Journal Title
Journal ISSN
Volume Title
Publisher
PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA FAKULTAS KEGURUAN DAN ILMU PENDIDIKAN UNIVERSITAS MUHAMMADIYAH PURWOREJO
Abstract
Panaliten menika nggadahi ancas kangge: (1) ngandharaken prosesi tradisi kuncungan wonten ing Dhusun Penungkulan, Kecamatan Gebang, Kabupaten Purworejo, (2) ngandharaken makna simbolis ubarampe ingkang dipunginakaken salebeting tradisi kuncungan wonten ing Dhusun Penungkulan, Kecamatan Gebang, Kabupaten Purworejo, (3) ngandharaken pandangan masyarakat kalian lampahaning tradisi kuncungan wonten ing Dhusun Penungkulan, Kecamatan Gebang, Kabupaten Purworejo. Teknik pangempalan data ingkang dipunginakaken inggih menika: (1) observasi partisipan, inggih menika penaliti nderek andil lebet lampahaning tradisi kuncungan, (2) wawancara ingkang dipuntindakaken inggih menika wawancara mboten terstruktur ingkang dipuntindakaken sesarengan kalian rekam lan serat, lan (3) dokumentasi. Teknik pamriksan keabsahan data ingkang dipunginakaken inggih menika triangulasi sumber. Teknik analisis data ingkang dipunginakaken inggih menika: (1) reduksi data, (2) penyajian data, (3) penarikan kesimpulan. Asil panaliten menika (1)prosesi tradisi kuncungan inggih menika perangan pra lampahan (a)milih dinten, (b)ngaturi tamu atur-aturan, (c) nyamektakake ubarampe lan perangan lampahaning kadosta: (a)ngempalaken tamu atur-aturan, (b)bebikak , (c)waosan sholawat lan pemotongan rambut kuncung, (d) waosan doa, (e) dhaharan, (f) ngaturaken berkatan utawi walimahan, (2) ubarampe ingkang dipunginakaken ngliputi: (a) mangkok, sekar, sesupe, (b) ingkung, (c) tumpeng robyong, (d) giling lima pancer, (e) jajan rakan, (f) jenang abrit, jenang pethak, lan rujak degan, (3) pandangan masyarakat kalian wontenipun tradisi kuncungan rupinipun masyarakat ingkang taksih nglestantunaken lan ingkang sampun wiwit nilaraken tradisi kuncungan.
Description
Keywords
Citation