ETIKA DAN ESTETIKA LAKON BASUKARNA SANGGIT KI PURBO ASMORO
No Thumbnail Available
Date
2016-02-29
Authors
Journal Title
Journal ISSN
Volume Title
Publisher
PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA FAKULTAS KEGURUAN DAN ILMU PENDIDIKAN UNIVERSITAS MUHAMMADIYAH PURWOREJO
Abstract
Panaliten punika nggadhahi ancas kangge ngandharaken nilai etika saha
unsur estetika ingkang kaemot wonten salebetipun cariyos ringgit purwa kanthi
lampahan Basukarna sanggit Ki Purbo Asmoro.
Jinising panaliten punika deskriptif kualitatif. Sumber data wonten ing
panaliten punika cariyos wayang Basukarna sanggit Ki Purbo Asmoro ingkang
awujud rekaman mp3, wondene dhatanipun awujud ukara-ukara utawi kutipan
ingkang wonten gegayutanipun kaliyan unsur etika saha estetika saking lakon
wayang kasebat. Instrumen ingkang dipunginakaken inggih punika panaliti
piyambak minangka instrumen baken, lajeng kabyantu dening kartu pencatat
data, alat tulis, buku-buku, saha media sanesipun. Teknik pengumpulan data
ngginakaken teknik observasi inggih punika ngamati ingkang kanthi premati
naskah cariyos wayang Basukarna. Sasampunipun dipunsimak lajeng dipunserat
wonten ing kertu panyerat. Teknik keabsahan data ngginakaken teknik
triangulasi. Dhata wontening panaliten punika dipunanalisis kanthi cara konten
analisis, salajengipun penyajian data ngginakaken metode informal ingkang
awujud ukara-ukara salebetipun tabel.
Asiling analisis awujud kutipan-kutipan naskah lakon Basukarna sanggit
Ki Purbo Asmoro. Saking pembahasan data saged dipunpundhut asil inggih
punika wonten nilai-nilai etika antawisipun; etika keselarasan sosial ingkang
ngemot prinsip hormat lan prinsip kerukunan, gunggungipun sedaya wonten 11
indikator. Etika kebijaksanaan gunggungipun wonten 14 indikator ingkang
antawisipun ngemot bab tanggel jawab, rela berkorban, wicaksana, tegas,
ngayomi, patuh menapa dene pantang menyerah. Kajawi nilai-nilai etika, ugi
wonten unsur estetika basa Jawi inggih punika basa rinengga gunggungipun 16
indikator, purwakanthi gunggungipun 37 indikator, tembung garba gunggungipun
6 indikator, tembung plutan gunggungipun 14 indikator, tembung saroja
gunggungipun 16 indikator, dasanama gunggungipun 41 indikator, pepindhan
gunggungipun 9 indikator, panyandra gunggungipun 4 indikator, tembung kosok
balen gunggungipun 12 indikator, paribasan gunggungipun 5 indikator, bebasan
gunggungipun 2 indikator, ingkang pungkasan saloka gunggungipun 2 indikator