ETIKA DAN ESTETIKA LAKON BASUKARNA SANGGIT KI PURBO ASMORO

dc.contributor.authorIhsan Mahmud 112160888
dc.date.accessioned2026-01-07T06:09:36Z
dc.date.available2026-01-07T06:09:36Z
dc.date.issued2016-02-29
dc.description.abstractPanaliten punika nggadhahi ancas kangge ngandharaken nilai etika saha unsur estetika ingkang kaemot wonten salebetipun cariyos ringgit purwa kanthi lampahan Basukarna sanggit Ki Purbo Asmoro. Jinising panaliten punika deskriptif kualitatif. Sumber data wonten ing panaliten punika cariyos wayang Basukarna sanggit Ki Purbo Asmoro ingkang awujud rekaman mp3, wondene dhatanipun awujud ukara-ukara utawi kutipan ingkang wonten gegayutanipun kaliyan unsur etika saha estetika saking lakon wayang kasebat. Instrumen ingkang dipunginakaken inggih punika panaliti piyambak minangka instrumen baken, lajeng kabyantu dening kartu pencatat data, alat tulis, buku-buku, saha media sanesipun. Teknik pengumpulan data ngginakaken teknik observasi inggih punika ngamati ingkang kanthi premati naskah cariyos wayang Basukarna. Sasampunipun dipunsimak lajeng dipunserat wonten ing kertu panyerat. Teknik keabsahan data ngginakaken teknik triangulasi. Dhata wontening panaliten punika dipunanalisis kanthi cara konten analisis, salajengipun penyajian data ngginakaken metode informal ingkang awujud ukara-ukara salebetipun tabel. Asiling analisis awujud kutipan-kutipan naskah lakon Basukarna sanggit Ki Purbo Asmoro. Saking pembahasan data saged dipunpundhut asil inggih punika wonten nilai-nilai etika antawisipun; etika keselarasan sosial ingkang ngemot prinsip hormat lan prinsip kerukunan, gunggungipun sedaya wonten 11 indikator. Etika kebijaksanaan gunggungipun wonten 14 indikator ingkang antawisipun ngemot bab tanggel jawab, rela berkorban, wicaksana, tegas, ngayomi, patuh menapa dene pantang menyerah. Kajawi nilai-nilai etika, ugi wonten unsur estetika basa Jawi inggih punika basa rinengga gunggungipun 16 indikator, purwakanthi gunggungipun 37 indikator, tembung garba gunggungipun 6 indikator, tembung plutan gunggungipun 14 indikator, tembung saroja gunggungipun 16 indikator, dasanama gunggungipun 41 indikator, pepindhan gunggungipun 9 indikator, panyandra gunggungipun 4 indikator, tembung kosok balen gunggungipun 12 indikator, paribasan gunggungipun 5 indikator, bebasan gunggungipun 2 indikator, ingkang pungkasan saloka gunggungipun 2 indikator
dc.identifier.urihttps://repository.umpwr.ac.id/handle/123456789/2917
dc.language.isoother
dc.publisherPROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA FAKULTAS KEGURUAN DAN ILMU PENDIDIKAN UNIVERSITAS MUHAMMADIYAH PURWOREJO
dc.relation.ispartofseriesWisuda Periode II 2015/2016; 642
dc.titleETIKA DAN ESTETIKA LAKON BASUKARNA SANGGIT KI PURBO ASMORO
dc.typeThesis
Files
Original bundle
Now showing 1 - 1 of 1
Loading...
Thumbnail Image
Name:
ihsan mahmud-9.pdf
Size:
11.11 KB
Format:
Adobe Portable Document Format
Description:
License bundle
Now showing 1 - 1 of 1
Loading...
Thumbnail Image
Name:
license.txt
Size:
1.71 KB
Format:
Item-specific license agreed to upon submission
Description: